Senin, 19 Juli 2010

Swuh rep data pitana.
Nenggih negari pundi ta kang ka éka adi dasa purwa.
Eka sawiji adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan.
Senadyan kathah titahing jawata ingkang kasangga
ing Pertiwi, kaungkulan ing Angkasa, kapit ing Samodra,
kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan
kadi ing negari Nusantara.
Ngupaya satus datan antuk kekalih, sewu tan jangkep
sedasa, ora jeneng mokal lamun mangka bebukaning
carita. Dhasar Negara panjang punjung pasir wukir,
gemah ripah loh jinawi, karta tata raharja.
Panjang dawa pocapané, punjung dhuwur kawibawané,
pasir samodra, wukir gunung. Pranyata nagari Nusantara
ngungkuraken pegunungan, ngeringaken bengawan
nengenaken pasabinan miwah ngayunaken bebandaran agung.
Gemah kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan
anglur selur datan ana pedhoté, labet tan ana sangsayaning margi.
Ripah kathah para janma manca negari kang samya katrem
abebalé wisma ing salebeting kitha, jejel apipit bebasan aben
cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak.
Loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku.
Karta para kawula ing padusunan mungkul pangolahing
tetanèn ingon-ingon kebo-sapi pitik-iwèn datan cinancangan
rahina aglar ing pangonan wanci ratri bali marang kandhange
dhéwé-dhéwé.
Raharja tegesé tebih ing parang muka, karana para mantri
bupati wicaksana limpating kawruh tan kendhat dènya
misungsung kabahagyan marang ratu gustènipun
sumarambah para kawula dasih. Mila ora jeneng mokal lamun
negari Nusantara kena dibebasakaké jero tancepé, malembar
jenengé, kasup kasusra prajané.
Ora ngemungaké ing kanan-kéring kéwala senajan ing
praja maha praja kathah kang samya tumungkul datan
linawan karana bandayuda, amung kayungyun marang
pepoyaning kautaman bebasan kang cerak samya manglung
kang tebih samya mentiyung asok bulu bekti glondhong
pengareng-areng pèni-pèni raja pèni guru bakal guru dadi…
ASSALAMU ALAIKUM.........
NUWUN DHUMATENG PANJENENGANIPUN PARA PEPUNDHEN, PARA SESEPUH PINISEPUH INGKANG HANGGUNG MASTUTI DHUMATENG PEPOYANING KAUTAMAN INGKANG PANTES PINUNDHI
PARA PANGEMBAN PANGEMBATING PRAJA SATRIYANING NEGARI MINANGKA PANDAM PANDOMING PARA KAWULA DASIH INGKANG SINUBA ING PAKURMATAN
PARA SARJANA, PARA SUJANA SUJANANING BUDI INGKANG SAMPUN WENANG HANAMPI WAHYUNING KASUTAPAN INGKANG SATUHU BAGYA MULYA, NUN INGGIH BRAYAT AGENG BARAYA WIRA WIYATA, BARAYA WIRA TAMTAMA, PARA PURNA KARYA LABET PRAJA INGKANG MAHAMBEG LUHURING DARMA
PARA ALIM, PARA ULAMA INGKANG RINTEN DALU TANSAH SUMANDHING KITAB SUCI WAHYUNING ILAHI MINANGKA PANUNTUN KEBLATING PANEMBAH INGKANG SATUHU LUHURING BUDI
PANJENENGANIPUN PARA SATYA WREDHA, CARANA MADYA, PARA TAMU KAKUNG SUMAWANA PUTRI INGKANG PANTES NAMPI PAKURMATAN SATUHU PANTES LAMUNTA SINUDARSANA.
MRADAPA AWIT SAKING KEPARENGIPUN BP ___________ SEKALIHAN GARWA, KULA INGKANG KAPITEDHAN SINARAYA HAMBUKA WIWARANING SUKA, WENGANING WICARA, DWARANING KANDHA PINANGKA JEJERING PAMBIWARA NGATURAKEN URUT RERONCENING TATA UPACARA INGKANG SAMPUN RINAKIT, RINANCANG DENING PARA KULAWANGSA INGKANG TARTAMTU KEWALA KAENERAKEN WONTEN ING PAWIWAHAN PRASAJA ING HARI KALENGGAHAN PUNIKA, NUN INGGIH PANJENENGANIPUN
BP ___________ NETEBI DARMANING ASEPUH HANGRAKIT SEKAR CEPAKA MULYA, MIWAHA SIWI MAHARGYA SUTA. KANTHI RAOS PANALANGSA INGKANG HAMENGKU KARSA NYUWUN WONTEN NGARSANIPUN GUSTI INGKANG AKARYA LOKA, MIWAH NYUWUN DONGA PANGESTUNIPUN PARA LENGGAH, MUGI KALEKSANANING SEDYA ING HARI KALENGGAHAN PUNIKA PURWA MADYA WASANA TANSAH PINARINGAN RAHAYU WILUJENG TEBIH ING SAMBEKALA.
PARA RAWUH SAHA PARA LENGGAH SADERENGIPUN KULA NGATURAKEN URUT RERONCENING TATA UPACARA ING RI KALENGGAHAN PUNIKA MUGI SAGETA JUMBUH KALIHAN KUNCARANING BANGSA NUSWANTARA INGKANG LINAMBARAN LUHUR SARTA AGUNGING PANCASLIA SUMANGGA NUN DHUMATENG PARA RAWUH SAHA PARA LENGGAH LANGKUNG - LANGKUNG PARA PINISEPUH INGKANG SAMPUN HANDUNGKAPING YUSWA INGKANG ATEGES SAMPUN PANA ING PAMAWAS, KEBLATING PANEMBAH SAHA LEBDA ING PITUTUR KULA DHEREKAKEN MANUNGKU PUJA HASTAWA PUJI HASTUTI WONTEN NGARSANIPUN GUSTI PURBANINGRAT, KARANA AGUNG BAROKAH SAHA RAHMATIPUN INGKANG RUMENTAH DHUMATENG PANJENENGAN SADAYA DALASAN KULA INGKANG SARTA MUGI LAMPAHING TATA UPACARA PAHARGYAN PRASAJA ING RI KALENGGAHAN PUNIKA TANSAH WINANTU ING SUKA BASUKI RAHAYU NIR ING SAMBEKALA.
.............
PANJENENGANIPUN PARA RAWUH SAHA PARA LENGGAH, MAKATEN MENGGAH URUT RERONCENING TATA UPACARA PAHARGYAN PRASAJA ING RI KALENGGAHAN PUNIKA, MILA HAWIT SAKING PUNIKA MUGI WONTENA SUKA LILANING PANGGALIH KASUWUN TANSAH LELENGGAHAN KANTHI MARDU MARDIKANING PANGGALIH SARWI PARING PUJA HASTAWA PUJI HASTUTI SAENGGA PARIPURNANING PAHARGYAN PRASAJA ING HARI KALENGGAHAN PUNIKA.
BINARUNG SWARANING PRADANGGA HANGRANGIN HAMBABAR KETAWANG ................, ANA GANDA HANGAMBAR ARUM KATIYUBING SAMIRANA MANDA, KAWISTARA JENGKARING SRI ATMAJA TEMANTEN PUTRI MIJIL SAKING TEPAS WANGI, TEPAS MENGKU WERDI PAPAN WANGI WUS HANGARANI ATEGES MIJIL SAKING PANTI BUSANA NEDYA HUMARAK SOWAN WONTEN NGARSANIPUN PARA RAWUH MANJING SALEBETING SASANA RINENGGA KINANTHENAN IBU JURU RIAS / PAES ......................
SRI TEMANTEN PUTRI HANGAGEM BUSANAA INGKANG SARWA RETNA HANGEMBA BUSANANING GARWA NATA, KATON PATING GALEBYAR PATING PANCURAT LAMUN KASARU SUNARING PANDAM KURUNG INGKANG HANGRENGGANI SASANA ADI, PAN YAYAH KARTIKA HASESILIH PRENAH.
HANGAGEM PUSPITO RINONCE ING UKELIRA, SINAMPIRAKEN WONTEN ING PAMIDHANGAN KANAN, LAMUN KATIYUBING SAMIRANA MANDA KONGAS GANDANE HANGEBEGI WISMA PAWIWAHAN, ENDAH EDINING BUSANA HAMIMBUHI GANDES LUWES SOLAH BAWANE
TINDAKIRA SRI ATMAJA TEMANTEN PUTRI HAMUCANG KANGINAN, LENGKEH - LENGKEH PINDHA SINGA LUPA, SAPECAK MANGU SATINDAK KENDEL PANGUDASMARANING DRIYA INGKANG DERENG KAWIJILING LESAN HANGRANTU PRAPTANING MUDHA TARUNA MINANGKA GEGANTILANING NALA.
WUS HANDUNGKAP PRAPTA HUNGGYAN INGKANG TINUJU, PUTRA TEMANTEN PUTRI NULYA KALENGGAHAKEN WONTEN ING SASANA RINENGGA HANGRANTU LAKSITANING ADICARA INGKANG SAMPUN TINAMTU.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar